Site Network: Blogger | About

Google

dialog ego,id dan super ego

+ngopo nulis2 ra’ genah barang?

-yo ra’ popo, aku ra’ nggangep tulisane apik, terserah sing maca.

*hus lha wong tulisane apik kok! kebenaran kuwi patut di tulis.

-hus! ngawur tulisane kuwi ojo mbok anggep kebenaran. Kebenaran absolud kuwi kagunggane Gusti Allah

+ halah! lha wong tulisan elek koyo ngono kok, ora patut diedarke ning internet.

*hus yo wis ben tho, sak karepe wong negara merdeka sapa presidene dunia maya kan ora ono, lha wong tulisane yo apik tur patut

-hus! tulisane apik orane terserah para pembacane, janjane mung arep ngurangi isi ‘ransel’ sing ning gegerku ben rada ra’ kaboten, ra’ papa tho?

+halah ra’ usah ngilani!

*wis ra’ papa!

-lha, trus?

*****************************************************

Aduh! malah kepejet! wis kadung kekirim!

2 Comments:

  1. Theresia Maria said...
    hiahaha....seneng moco bosone medhok, wis kadung kepejet yo ;)
    salam kenal balik saka wong Semarang...
    comandante said...
    matur nuwun :)

Post a Comment